Kekeringan ing Kulon Progo
KULON PROGO, Detak Berita – Kabupaten Kulon Progo isih netep-ake status tanggap darurat mangsa ketiga. Kira-kira 3 yuta liter banyu resik wis di dum kangge ngebaki kabutuhan banyu resik warga ing 8 kecamatan kang kena.
“Ngedhunke banyu kangge 8 kecamatan kang kena mangsa ketiga wis kira-kira 600an tengki, kawit wulan Juni kepungkur nganti tengah Agustus iki. Saben tengki amot kira-kira 5.000 liter banyu resik, dadi wis kira-kira 3 yuta liter banyu resik kang didum marang warga”, kandhane Kepala Pelaksana BPBD Kulon Progo, Ariadi, Senin (13/8/2018).
Patokan data saka BPBD, saka 8 kecamatan kang ngalami mangsa ketiga iku ngenani tumrap 3.016 kepala kaluarga kang sumebar ing 117 padukuhan ing 23 desa.
Sak adohe iki pamudhunan banyu dilakok-ake akehe 6 truk tengki saben dina. Saben truk sajroning sedina bisa mudhunke nganti kaping 3-4.
“Kita upaya-ake pamudhunan saben dina ana 6 truk, saka BPBD, PMI, Tagana, PDAM, lan instansi liyane”, tutur Ariadi.
Ditambahke, Pemkab Kulon Progo netepke status tanggap darurat mangsa ketiga nganti wulan September ngarep. Sadurunge status tanggap darurat mangsa ketiga diwiwiti 25 Juli kepungkur.
“Tanggap darurat isih mlaku nganti 30 September 2018. Apa mengko di dawa-ake utawa ora, nunggu asil uji coba ing lapangan”, dheweke nambahke.
DB